GATHUT KACA GUGUR
Perang Baratayuda ing Kurusetra iku perang gedhe antarane dharah pandhawa mungsuh dharah Kurawa.Gathutkaca tinuding dadi senapatining perang saka dharah Pandhawa.Mungsuhe senapati trah Kurawa kang aran Adipati Karna.
Perange rame banget,jalaran pancen padha dene digdaya.Adipati Karna duwe piandel gegaman ampuh panah aran Senjata Kunta.Gatutkaca ngendelake anggone bisa mabur tanpa elar.Saben arep diwales,Gathutkaca banjur mabur luwih dhuwur.Suwe-suwe Adipati Karna panas banget atine.Mula banjur njupuk panahe kanga ran Senjata Kunta,banjur dipanahake munggah.Abure Gathutkaca dhuwur.Nanging rehne senjata Kunta pancen ampuh banget,sanajan Gathutkaca wis mabur dhuwur banget nganti ana langit sap pitu,panah mau bisa nggoleki dhewe.Wekasan panah bisa ngenahi Gathutkaca nganti nemahi palastra.
Miturut critane,panah mau bisane nggoleki,amarga kasurung dening rohe Kalabendana, yaiku pamane Gathutkaca kang biyen dipateni Gathutkaca.
I. Wacanen wacan ing dhuwur sing titi, sabanjure pitakon-pitakon iki wangsulana!
1. Irah-irahane wacan ing dhuwur yaiku ….
2. Tokoh utama sing ana ing crito dhuwur yaiku …
3. Watake tokoh sing ana crito ing dhuwur yaiku ….
4. Perang Baratayudha iku perang antarane …. lan ….
5. Senapatining Kurawa jenenge ….
6. Gegamane Adipati karna arane ….
7. Bapak ndelok Tivi.Ndelok krama aluse ….
8. Adhiku tiba,sirahe babak ….
9. Guru wilangane tembang pangkur yaiku ….
10. Bangjo iku kalebu tembung camboran kanga asale saka tembung …. lan ….
11. Rotine wis di dhahar bapak.Di dhahar ngoko lugune ….
12. Karo wong tuwa iku kudu andhap ….
13. Jer basuki mawa ….
14. Dhandhanggula nduweni …. gatra/baris
15. Bocah kelas enem iku kudu nduweni unggah ….
16. Yen ditulis latin yaiku ….
17. Tembang pangkur nduweni guru lagu yaiku ….
18. Maskumambang iku kalebu tembang ….
19. Ana gula ana ….
20. Wong sing sabar uripe tansah ayem ….
II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
1. Sinta tindak sekolahan nitih sepedha motor.
Ukara ing nduwur iku owahana dadi ngoko lugu!
2. Sebutna telu wae kang kalebu tembang macapat !
3. Nabok nyilih tangan, apa tegese paribasan iku ?
4. Dhek wingi Pak Slamet lunga menyang Tulungagung. Kepriye Krama aluse ?
5. Adhiku dolalan karo kancane. Tulisen nganggo aksara jawa !
Selamat mengerjakan !
Kunci Jawaban UTS 1 Bahasa Jawa
Romawi 1
1. Gathutkaca gugur 11. Dipangan
2. Gathutkaca 12. Asor
3. Kesatria kang gagah prakosa, sekti mandraguna ( terserah korektor ) 13. Bea
4. Dharah Pandhawa lan dharah Kurawa 14. 10
5. Gathutkaca 15. Ungguh
6. Senjata Kunta 16. Sapi Mati
7. Mresani 17. a,i,u,a,u,a,i
8. Bunyak/Bundas 18.Macapat
9. 8,11,8,7,12,8,8 19.semut
10. Abang lan ijo 20. Tentrem
Romawi 2
1. Sinta menyang sekolahan numpak sepedha motor
2. Mijil, Gambuh, Sinom, Maskumambang, Megatruh, Dandhanggula, pangkur, Kinanthi (Pilih 3 diantaranya)
3. Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
4. Kalawingi Pak Slamet tindak Dhateng Tulungagung
5.
File wordnya silahkan download DI SINI
Kumpulan soal lengkap buka DI SINI
Tidak ada komentar:
Posting Komentar